Kamis, 13 Oktober 2016

PRANATACARA PEPISAHAN



Nama               : Citra Murti Anggraini
Kelas/No         : XI IPA 3/16

PRANATACARA PEPISAHAN KELAS XII SMA N 1 SENTOLO
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Kawilujengan saha katentreman mug tansah kajiwa kasarira deningkula lan panjenengan sadaya sinartan berkah rahmatipun Gusti Allah ingkang Murbeng Bawana.
Agunging puji pangalembana namung konjuk wonten Ngarsa Dalem Gusti Allah SWT ingkang amurba amisesa sadaya titah ingkang sampun cinepta ing pramudita, inggih awit sih wilasanipun kula lan panjenengan sadaya saged nglempak lenggah pepanggihan ing sasana punika saperlu nindakaken pepisahan kelas XII SMA N 1 Sentolo.
Dhumateng panjenenganipun Kepala Sekolah SMA N 1 Sentolo ingkang kinurmatan.
Dhumateng panjenenganipun Ketua komite ingkang kinurmatan.
Bapak ibu warga SMA N 1 Sentolo ingkang kinurmatan.
Bapak ibu wali murid kelas XII ingkang kinurmatan.
Murid-murid SMA N 1 Sentolo ingkang bagya lan mulya.
Langkung rumiyin mugi keparenga panjenengan sadaya kersa paring sewu agunging pangaksami dhateng dhiri pribadi kula, dene sampun kumawani matur wonten ngarsa panjengan sadaya. Inggih awit keparengipun para kadang panitiya, kula kadhawuhan ndherekaken lumaksitaning adicara pepisahan kelas XII SMA N 1 Sentolo wonten ing titi kalenggahan punika.
Para lenggah ingkang tansah gumbira ing manah, langkung rumiyin mugi keparenga kula maosaken menggah rantamaning adicara tirakatan ing dinten punika
1.      Pambuka
2.      Sambutan dening Kepala Sekolah SMA N 1 Sentolo inggih punika Bp. Sulistyo
3.      Sambutan dening Ketua Komite SMA N 1 Sentolo inggih punika Bp. Supri
4.      Atur pamit saking wali murid kelas XII inggih punika Bp. Madi
5.      Sambutan dening Ketua OSIS SMA N 1 Senotolo
6.      Selingan
7.      Gelaring kagunan seni dening murid-murid SMA N 1 Sentolo
8.      Penutup
Kepala Sekolah SMA N 1 Sentolo ingkang kinurmatan. Bapak ibu warga SMA N 1 Sentolo ingkang kinurmatan. Murid-murid SMA N 1 Sentolo ingkang bagya lan mulya , makaten menggah rantamaning adicara pepisahan kelas XII SMA N 1 Sentolo. Murih sadaya ingkang sampun rinantam punika saged lumampah kanthi widada nir ing sambikala, sumangga adicara punika pinurwakan kanthi kula panjenengan sami ndedonga manengku puja wonten ngarsanipun ingkang wenang Murba. Ndedonga kula dherekaken. Sumangga.
Para warga SMA N 1 Sentolo ingkang satuhu kinurmatan, sampun binuka korining adicara kanthi donga kula panjenengan sadaya.
Tumapak acara salajengipun nun inggih  sambutan dening Kepala Sekolah SMA N 1 Sentolo inggih punika Bp. Sulistyo. Pramila dhumateng Bp. Sulistyo , wekdal saha papan kula aturaken, sumangga…
Makaten atur sambutan dening Bp. Sulistyo. Salajengipun sambutan dening  Ketua Komite inggih punika Bp. Supri. Dhumateng Bp. Supri wekdal katuraken, sumangga...
Makaten sambutan saking Bp. Supri. Salajengipun atur pamit saking wali murid kelas XII. Pramila dhumateng Bp. Y. Madi, wekdal saha papan kula aturaken, sumangga…
Makaten atur pamit saking Bp. Y. Madi. Salajengipun sambutan dening  Ketua OSIS inggih punika Handrnus Eko. Dhumateng Handranus Eko wekdal katuraken, sumangga...
Tumapak  acara salajengipun nun inggih selingan.
Salajengipun gelaring kagunan seni dening murid-murid SMA N 1 Sentolo. wekdal katuraken, sumangga...
Wiwit purwa madya ngantos dumugi nyaketi wasananipun adicara tirakatan ing dinten punika sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken ngaturaken syukur dhumateng Gusti Allah SWT, kanthi ndedonga nut dhateng kapitadosan sowang-sowang. Ndedonga kula dherekaken.
Ingkang salajengipun saking kula pribadi ingkang tinanggenah ndherekaken lumaksitaning adicara pepisan kelas XII SMA N 1 Sentolo punika temtu kemawon kathah kekiranganipun , sae saking pangrakiting ukara menapa malih suba sita, jer kula namung titah sawantah ingkang tebih saking kasampurnan turta cubluk ing pangertosan. Pramila mugi keparenga panjenengan sadaya kersaa paring samodraning pangaksama dhateng dhiri pribadi kula.
Pungkasaning atur kula, Akhirul Kalam, Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar