Kamis, 21 Januari 2016

Contoh Artikel Jawa



Unggah Ungguhing Basa Jawa
Dening Citra Murti Anggraini

Basa Jawa dadi salah sijine panyumbang sing gedhe kanggo panuwuhane basa Indonesia. Sanadyan dudu basa resmi ing pamarentahan, basa Jawa nduwe pangaruh luwih akeh tinimbang basa-basa dhaerah liyane kayata ing kosakata, lan istilah-istilah sing kadhangkala nganggo tembung Jawa.
Unggah-ungguh wonten ilmu basa Jawa saking tembung dwilingga salin swara saking tembung ‘ungguh’ sing diulang kaping loro. Arti tembung ungguh yaiku kepiye supoyo duwe sikap kaleh wong liya ingkang diajak omong-omongan, sing didasarake kaleh tingkatan.
Unggah-ungguh bisa duweni arti liya yaiku :
Unggah (Indonesia = naik) yaiku ngunggahke derajad wong (ingkang diajak omong-omongan) sing didasarake status sosial.
Ungguh saking tembung  Lungguh (Indonesia = duduk) yaiku nglungguhke dhiri pribadhi lan wong liya ingkang diajak omong-omongan didasarake derajad.
Dadi unggah-ungguh yaiku ngormati wong liya kanthi lungguhe lan sapa ingkang kudu diunggahke, bab iku kanggo jaga wong ingkang diajak omong-omongan melu ngunggahke lan nglungguhke dhiri kita.
            Unggah-ungguh nglatih ati lan sikap supoyo bisa nrima lan ngormati wong liya wonten lingkungan menika. Ingkang luwih penting wonten unggah-ungguh aja gumedhe ing harkat, martabat lan status sosial. Pentinge unggah-ungguh kanggo latian kita supoyo bisa nahan diri, ngasah moral supoyo ora duweni sikap sembrono.
Basa jawa kanggo para mudha angel diprakteke. Basa Jawa iku akeh banget cara pituturane. Ana dhialek sosial sing dibagi miturut saka kasar tekan alus dadi yaiku ngoko, madya, lan karma. Manut unggah-ungguhe yaiku basa ngoko, basa ngoko alus, basa krama, lan basa krama inggil. Basa-basa wau ana gunane dewe-dewe.
Basa ngoko gunane dienggo wong tuwa marang anake, dienggo guru marang murid, dienggo dening sepadha-padha kang wis kulina, lan dienggo ndhuwuran marang andhahan. Contone yaiku kowe gelem njupuke bukuku mbak ? Basa ngoko alus gunane dienggo dening wong-wong sapadha-padha sing wis kulina nanging isih ngajeni lan dienggo wong tuwa marang wong enom kang derajad luwih dhuwur. Contone yaiku panjenengan kersa mendhetke bukuku mbak ? Basa krama gunane dienggo dening wong kang durung raket banget lan dienggo dening wong kang durung tuang. Contone yaiku sampeyan purun mundhutke buku kula mbak ? Basa krama inggil gunane dienggo dening wong enom marang wong tuwa, dienggo dening murid marang guru, lan dienggo dening ngisoran marang dhuwuran. Contone yaiku panjenengan kersa mundhutke buku kula mbak ?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar