Namaning pawartos : Pawarta Ngayogyakarta
Sumber pawartos : Jogja TV
Tanggal kagiyarakaken : 20 Juli 2011
Wekdalipun : 19.00
A.1. Wacana
pawartosipun :
Ngancik
tumapaking wulan siyam warga Desa Sruwi, Kecamatan Muso, Boyolali, Jawa Tengah
dinten Rabu enjing ngadakaken upacara sadranan ing pasarean umum desa kasebat.
Saklebete upacara sadranan menika warga sesarengan ngunjukaken donga kangge
leluhuripun.
Lampahing
adat menika ajeg dipun adani saben wulan ruwah utawi ngancik tumapaking wulan
siyam. Atusan warga betha sesaji kangge gendhurenan. Sasampunipun bersik
pasarean salajengipun warga datheng ing pasarean kangge nyadran sesarengan. Sasampunipun
dedonga sesarengan warga dahar kembul lan linton berkat. Lampahing upacara
sadranan ing Desa Sruwi bedha kalih padhadhatipun awit warga nembe kemawon
nampi pacobaan jalaran wedhi merapi awit saking menika kejawi dedonga kangge
leluhuripun warga ugi dedonga kangge para korban wedi merapi. Sadranan
mujudaken sesuci sakdherengipun mintakaken siyam.
2. Tembung angel :
Ajeg, kembul, linton berkat, mintakaken.
B. Sinten ingkang ngadakaken
upacara sadranan ?
Wangsulan : warga Desa Sruwi ingkang ngadakaken upacara
sadranan.
C. Wonten pundi
kadadosipun ?
Wangsulan : kadadosipun wonten Desa Sruwi, Kecamatan Muso,
Boyolali, Jawa Tengah.
D. Rikala punapa
wekdalipun ?
Wangsulan : wekdalipun rikala Ngancik tumapaking wulan
siyam.
E. Wosing pawartos :
Ngancik tumapaking wulan siyam
warga Desa Sruwi, Kecamatan Muso, Boyolali, Jawa Tengah dinten Rabu enjing
ngadakaken upacara sadranan ing pasarean umum desa kasebat. Saklebete upacara
sadranan menika warga sesarengan ngunjukaken donga kangge leluhuripun.
F. 1. Ukara ingkang kalebet fakta :
1. Ngancik
tumapaking wulan siyam warga Desa Sruwi, Kecamatan Muso, Boyolali, Jawa Tengah
dinten Rabu enjing ngadakaken upacara sadranan ing pasarean umum desa kasebat
2. Atusan
warga betha sesaji kangge gendhurenan
3.
Lampahing upacara sadranan ing Desa Sruwi bedha kalih padhadhatipun awit warga
nembe kemawon nampi pacobaan jalaran wedi merapi awit saking menika kejawi
dedonga kangge leluhuripun warga ugi dedonga kangge para korban wedhi merapi
2. Ukara ingkang kalebet opini :
1.
Saklebete upacara sadranan menika warga sesarengan ngunjukaken donga kangge
leluhuripun.
2.
Lampahing adat menika ajeg dipun adani saben wulan ruwah utawi ngancik
tumapaking wulan siyam.
3.
Sasampunipun bersik pasarean salajengipun warga datheng ing pasarean kangge
nyadran sesarengan
4.
Sasampunipun dedonga sesarengan warga dahar kembul lan linton berkat
5. Sadranan
mujudaken sesuci sakdherengipun mintakaken siyam.
G. Pamanggih
dhumateng pawartos :
Pawartanipun
sampun sae amarga mujudaken warga ngormati tiyang ingkang sampun seda.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar