Kamis, 21 Januari 2016

Menganalisis tembang Kangen



 Kangen
Pitung sasi lawase nggonku ngenteni
Mung sliramu wong bagus kang dadi ati
Rino wengi mung tansah tak impi-impi
Jroning ati kangenku setengah mati

Jenang gulo, yo mas yo, mbok ojo lali
Ngelingono rikolo jaman semono
Sliramu janji aku setio ngenteni
Lahir batin tresnaku terusing ati

Kangen!… wong kangen ngene ngene rasane
Rindu-rindu wong bagus kowe tak tunggu

Kangen!… wong kangen opo opo tambane
Rindu-rindu tambane kudu ketemu

Klopo mudo enake kanggo rujakan
Leganono aku kang nandang kasmaran
Mbalung janur wong bagus tak anti-anti
Mosa janji wong kangen ndang entuk jampi


Analisis
1)      Kaendahan (Nilai Estetis)
a.       Kaendahan ing tembang Kangen menika ngginakaken lelewaning basa
Buktinipun
Jenang gulo, yo mas yo, mbok ojo lali
(jenang gula = glali, dadi = lali)
Klopo mudo enake kanggo rujakan
b.      Kaendahan ing tembang Kangen menika ngginakaken purwakanthi
Buktinipun :
1.      Purwakanthi guru swara
Tembang campursari menika ngginakaken purwakanti swara saben padanipun, menika contonipun,
Pitung sasi lawase nggonku ngenteni
Mung sliramu wong bagus kang dadi ati
Rino wengi mung tansah tak impi-impi
Jroning ati kangenku setengah mati

2.      Purwakanthi guru sastra
Tembang campursari menika ngginakaken purwakanti sastra saben padanipun, menika contonipun,
Rino wengi mung tansah tak impi-impi
Rindu-rindu tambane kudu ketemu

3.      Purwakanthi lumaksita
Buktinipun :
Rino wengi mung tansah tak impi-impi
Kangen!… wong kangen ngene ngene rasane
Rindu-rindu wong bagus kowe tak tunggu
Kangen!… wong kangen opo opo tambane
Rindu-rindu tambane kudu ketemu
Mbalung janur wong bagus tak anti-anti
                       
c.       Pendidikan (Nilai edukatif)
Nilai edukatif wonten ing tembang campursari menika yaiku
1.      Ojo lali anggenipun sampun matur.
Buktinipun :
Jenang gulo, yo mas yo, mbok ojo lali
Ngelingono rikolo jaman semono
2.      Aja mblenjani janji
Buktinipun:
Sliramu janji aku setio ngenteni
Lahir batin tresnaku terusing ati

d.      Wutuh (Koheren)
Tembang Kangen menika wutuh amargi saben pada nggadahi hubungan kalih pada liyane.
Buktinipun :
Pada 1:            Pitung sasi lawase nggonku ngenteni
 Mung sliramu wong bagus kang dadi ati
Pada 2:            Ngelingono rikolo jaman semono
 Sliramu janji aku setio ngenteni
Pada 3: Rindu-rindu wong bagus kowe tak tunggu
Pada 4: Rindu-rindu tambane kudu ketemu
Pada 5: Leganono aku kang nandang kasmaran
 Mosa janji wong kangen ndang entuk jampi

e.       Nuwuhaken raos tresna
Ing tembang Kangen menika mboten nuwuhaken raos tresna amargi ing tembang menika isinipun namung rasa tresna kanggo wong kang lungo niggalake lan mboten nepati janji.
Buktinipun :
Pitung sasi lawase nggonku ngenteni
Mung sliramu wong bagus kang dadi ati
Rino wengi mung tansah tak impi-impi
Jroning ati kangenku setengah mati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar