Kamis, 21 Januari 2016

Contoh Geguritan



Esuk kang tentrem
Dening : Citra Murti Anggraini


Srengenge mlethek seka iring wetan
Wit-witan katon ijo royo-royo
Sumribit angin ngelus langit biru
Manuk-manuk katon saut-sautan swara
Kembang-kembang megar nambahi endahe swasana ing esuk kui

Hawa seger nentremake awak
Nuwuhake pikiran kang positif
Nuwuhake semangat anyar kanggo jiwa
Kabeh mau ciptaane Gusti Kang Maha Kuasa ingkang wajib kita syukuri
Lan uga kudu kita jaga lan nglestarekake



Sentolo, 27 Mei 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar