KETHOPRAK

Kethoprak
kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa Tengah,
ananging ugo bisa tinemu ing Jawa Wetan.
Kethoprak wis nyawiji dadi budaya
masyarakat Jawa Tengah lan biso ngasorake kesenian liyane, umpamane Srandul, Emprak lan sakliyane.
Sajarah
Kethoprak wiwit bebukane awujud dedolanan para
priya ing dhusun
kang lagi nganaake lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu
wulan purnama ndadari, kasebut Gejog. Ana ing tembe kaering tembang bebarengan
ing kampung /dusun kanggo lelipur . Sak teruse ana tambahan kendhang, terbang,
lan suling, mula wiwit saka iku kasebut Kethoprak Lesung, kira-kira kadadeyan
ing tahun 1887. Sak banjure ana ing tahun 1909 wiwitan dianaake pagelaran Kethoprak kanthi
paripurna/lengkap.
Pagelaran Kethoprak wiwitan kang resmi ing
ngarsane masyarakat/umum, yakuwi Kethoprak Wreksotomo, dipandegani dening Ki
Wisangkoro, sing mandegani kabeh para pria. Carita kang dipagelarake
yaiku : Warsa - Warsi, Kendana Gendini, Darma - Darmi, lan sapanunggalane.
Sawise iku pagelaran Kethoprak sansaya suwe
dadi lan apike lan dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta.
Ing kadadeyan sak wise Pagelaran Kethoprak dadi pepak anggone carita lan ugo
kaering gamelan.
Jinis
Anane gegayutan karo pagelaran
"teater" para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa dibedakke
mengkene :
- Kotekan Lesung : awujud awal mulane Kethoprak lan dadi winih ing tembe mburi dadi pagelaran Kethoprak.
- Kethoprak Lesung Wiwitan : wiwitane saka kotekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo carita , panguripane para tani .
- Kethoprak Lesung : Amujudake pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kaya ta gendang, suling, terbang lan lesung. Iki kang bakal lan lahire pagelaran Kethoprak.
- Kethoprak Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman 'mesiran' ( Baghdad ).
- Kethoprak Gamelan Pendopo : carita-caritane ngemungake carita Babad, dipagelarake nganti seprene . Pagelaranne ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak Pendapa ( Pagelarane ana ing 'Pendopo').
- Kethoprak Panggung : Iki pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , yoiku Kethoprak kang di pagelarake ana ing panggung kanti carita campur, awujud carita rakyat, sejarah, babad uga carita adaptasi saka ing nagari manca ([[Sampek Eng Tay’’, Maling saka Bagdad lan sapanunggalane ).
Saiki bisa dipirsani Kethoprak Panggung ana
ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Pagelarane dadi profesional kanthi
amungut bayaran karcis , ugo kanggone para nayaga (pemain ) lan pradangga
(penabuh gamelan ) kethoprak wis dadi panguripan. Tehnik pagelaran lan carita
digawe luwih apik lan ditindaake kanthi teges lan tumemen. Conto mau bisa
dipirsani ana ing Kethoprak "Siswo Budoyo" saking Tulung Agung, Jawa
Wetan kang wis misuwur ana ing ngendi wae, dadi klangenane masyarakat.
Isi carita
Rupa-werna carita pagelaran Kethoprak umpama carita rakyat, dongeng, babad, legenda, sejarah
lan adaptasi saka nagari manca bisa uga migunaake swasana Indonesia, contone
karya Shakespeare : Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita
baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi (crita Menak),
Panji Asmarabangun, Klana Sewandana (crita
Panji), Ande-ande lumut, Angling Darma, Roro Mendut,
Damarwulan, Ranggalawe, Jaka
bodo.
Carita klangenan masyarakat bisa arupa carita
pahlawanan, paperangan , carita nglempengake kabeneran biasane ing akhir carita
sing gawe bebener, jujur lan baik antuk kamenangan.
Ageman para nayaga pemain di padaake karo
carita kang dipagélarake, . Biasane nganggo ageman para Narapraja Jawa wektu
jaman kerajaan biyen. Umpama Pangeran Wiroguna, Agemane ngangga Priyayi Jawa
Pangeran saka tlatah Jawa Tengah ( Jogaakarta ), Semono uga para prajurit.
Nanging ana uga ageman kang arupa simbolis ,umpama Piyantun Wicaksana aweni
ageman cemeng , Piyantun suci awerni agemman pethak, ingkang kendhel agemane
abang. Carita Baghdad agemane kasebuat "Mesiran" nganggo ageman sutra.
Agemen Wayang wong
uga ana gegayutan karo Kethoprak, utamane Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih
pesisir Lor. Umpamane carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.
Uga ana ageman kasebut basahan, yokuwi ageman
kejawen ananging cinampur ing liyan bisa arupa ageman batik, lan beskap uga
surban (biasane nganggo uga jubah). Ageman basahan iki biasane ana ing carita
Menak utawa carita para wali/para ulama Islam ing sajerone praja.
Sing dadi ciri wancine Kethoprak :
Carita kanthi para nayaga/pemain , kaering tabuhan (gamelan) ,Ageman tembang
kang dadi tetenger kethoprak . Rembugan uga biasa nganggo tembang ,dadi tembang
bisa mujudake dadi pangiring adegan, dialog, monolog ( rerasan dewe) utawa dadi
narasi.
Wondene unining gamelan kanggo ngeringi
tembang, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatik, kang mbedaake
adegan siji lan sijine,
Perangkat
pengiring
Kendang, saron, ketuk, kenong, kempul lan gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep
biasane nganggo suling
utawa terbang. kanthi tambahan keprak.
Para nayaga kethoprak biasane pinter anggone
"akting" uga kudu pinter nyanyi & nari
Senadyan sing dienggo basa Jawa nanging kudu
nganggo "unggah-ungguh" basa. bisa nganggo Jawa biasa (ngoko), basa
krama, lan Krama inggil.
Ing wektu saiki, ana ing wolak waliking
jaman, kethoprak uga duwe "improvisasi" kanthi wujud dagelan
kethoprak. Umpamane awujud Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan
televisi. Carita bakune padha nanging dipagelarake kanthi dagelan . mligi
ngemungake lan nyenengake pamirsane.Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau
biasane wis ora nganggo unggah ungguh basa lan tatakrama, sing baku bisa gawe
geguyu.Carita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak
ora jangkep.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar