Kamis, 21 Januari 2016

Menganalisis Tembang Pawiwahan Agung



Pawiwahan Agung
(Dening Aki Anor)
Sinawung ing Dhandhanggula
Rumpakan katur kang palakrami
Bendara Yudanegara putra
Ge-Ka-Er wah Ka-Pe-Ha-ne
Mangka dadya panuntun
Para mudha jaman samangkin
Tontonan myang tuntunan
Sakral adiluhung
Budaya Ngayogyakarta
Warisan istimewa saking wiyati
Linanggengna widada

Kukuh paheman – panganten sarimbit
Putra waruju Ha-Be Sedasa
Nyarirani wiwahane
Ing pawiwahan agung
Wolulas Oktober sewelas warsi
Slasa Wage arinya
Sedasa sing tabuh
Presiden lan bebahunya
Mblengket para pejabat wara kawuri
Andher pana mahargya
(Djaka Lodang No.26 . 26/11/2011)

Analisis
-          Guru lagu                    : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
-          Guru wilangan                        : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
-          Guru gatra                   : 10
-          Paraphrase saking tembang ing dhuwur yaiku
Pawiwahan agung nyaosi pirsa palakrami pawiwahan Bendara Yudanegara putranipun GKR lan KPH dadekake tuladha kangge para mudha jaman sakmenika. Pawiwahan menika tuladha ingkang suci adiluhung budaya Ngayogyakarta. Pawiwahan agung menika tabuh jam 10 ing dinten Slasa Wage, 18 Oktober 2011. Presiden, menteri, lan para pejabat sami rawuh kanthi mahargya.
-          Piwucal luhur ingkang saged kapendhet saking tembang ing dhuwur yaiku di dadekake manten supoyo ora ono rubeda.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar